Kamis, 11 Agustus 2011

CONTOH SAMBUTAN TUAN RUMAH


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bismillahirahmanirahim.
Rabi srohli sodri wayas sirii amri, wahlul ngukdatam milisani yaf qohu kauli.
-     Dumateng sesepuh pini sepuh ingkang tansah kula hormati.
-     Dumateng bapak-bapak ingkang tansah kawula hormati.
-     Dumateng ibu-ibu lan para lenggah sami ingkang tansah kawula hormati ugi.
Langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngraosaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan, injih punika kesehatan, keslametan sarto keimanan sehingga ing wekdal siang menika kula lan panjenengan sedaya saged nindaki pakempalan trah kanthi wilujeng mboten amongsih alangan satunggal punapa. Mugi-mugi tindak kula panjenengan sami saking dalem dumugi menika papan pikantuk karidhaning Allah SWT.
Mboten kesupen ugi shalawat lan salam mugi katetepna dateng junjungan kula lan panjenengan sedaya Nabi Agung Muhammad SAW, keluarga, putra, sahabat, lan ugi kula lan panjenengan sedaya ingkang sami derek sunah-sunahipun.
Dumateng para bapak/ibu lan para lenggah sami.
Kepareng matur kula ing mriki matur makili keluarga :
Sepindah ngaturaken sugeng lenggah lan sugeng pambagya sak cekapipun awit kerawuhan panjenengan sedaya. Kaping kalihipun ing mbokbilih anggem kawula nanggapi saha caos papan palenggahan kirang nuju prana dumateng para lenggah sami, saestu kula sak keluarga namun nyuwun agunging samudra pangak sami.
Cekap semanten atur kula kathah keklentuanipun anggen kula matur kula nyuwun sewu agunging pangapunten.
Wabillahitaufik wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar