Kamis, 11 Agustus 2011

CONTOH SAMBUTAN KETUA PANITIA


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dateng ngarsonipun pini sepung sesepuh ingkang tuhu kula bektosi. Langkung-langkung dateng para Bapak/Ibu keluarga ageng Trah Eyang Notonegoro ingkang sanget kula lan panjenengan sedaya hormati.
Langkung rumiyen mangga sesarengan ngunjuk aken raos puja-puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten nikmat lah rahmat dateng kula panjenengan sami satemah wonten wekdal menika kula lan panjenengan sedaya saged silaturahmi wonten dalem ing mriki kanthi mboten wonten alangan setunggal menopo. Amien.
Ingkang sak lajengipun sakwetawis kepareng kula matur injih awit atas nama pengurus, ingkang sapindah ngaturaken sugeng rawuh awit kerawuhanipun para bapak saha ibu, mugi-mugi silaturahmi kula lan panjenengan sedaya sesarengan kalebet ibadah ingkang tinaremah wonten ngarso dalem Allah SWT. Amin. Mboten kesupen ugi nyuwun pangapunten ing mbokbilih anggenipun sami nanggapi saha paring pilenggahan lan sakmukawisipun kirang anujuprono saestu nyuwun pangapunten.
Para pinisepuh, bapak, ibu ingkang kula lan panjenengan sedaya hormati, sak estu kanthi acara trah ageng eyang Notonegoro menika monggo sesarengan pun kiat aken supados tambah regeng saha wonten paningkatan satemah saged rukun anggenipun pasederean antawisipun satunggal lan satunggalipun. Kanthi menika pangajaping atur sakmangke kula lan panjenengan sedaya suwun aken pangaosan saking panjenenganipun Ibu Naufanti zulfah supados saged nambah pangertosan lan iman kita sesarengan wonten ngarso dalem  Allah SWT, amin.
Pungkasane atur saking kula mbokbilih kathah kirang lan langkepipun anggen kula matur sak estu nyuwun pangapunten kula lan panjenengan sedaya akhiri. Billahitaufik walhidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar